Red Campred Inspiration

Red Campred Inspiration

Minggu, 24 April 2011

Ngapak Never Die Part 1

Wis Tangi


Kie kira-kira Jam 09 : 30 , nang dapur
 Pas esuk kue mamahe lagi masak nang dapur,njawane arep mbayar listrik dadi masake gasik,jane sih rak gasik ya!!lha jam 9an koh!!nek nang umahku ya termasuke gasik nggo dina-dina biasa,masalahe biasane jam 12an tembeke rampungan masak lan tembeke pada sarapan. Nah dina kue masake rada akeh,,njawane arep ana sedulur sing teka dadine masake sing aneh-aneh tur enak.

Akune lagi wisuh nang kamar mandi,,soale tangaane mambu amis, bar ngempani iwak njaer karo daging bekasan rawon,dicampur ndas bandeng!. Geh jal!!apa ora elite banget iwake diempani daging????tapi ketone sih ya...ora dipangan,,,amis mbok!nek ora ya...mungkin njaere ngerti nek diempani sanak sedulure dewek,,lha bandeng sih??kan isih jenise iwak.

Nek papahe pas kue bar tangi turu,,,mbasan pensiun kan nek bar subuhan turu maning,tangine ngko- ngkoan jam 9 an nek ora ya jam 10an. Bar tangi biasane ngombe kopi sing wis digawekna nang meja ngarep tivi.
Balik maning nang dapur pas mamahe lagi masak.
Sekang dapur krungu ana suara ‘ Ting ting ting ting ting ting’. Aku sih  biasa baen rak patia nggagas , ujarku ya...biasalah paling ya sapa.
 Lha terus mamahe ngomong “ Geh,nek ana suara kaya kae berarti wis tangi”.
“ Lha ??sapa??” , takone aku karo bingung, lha tumben temen mamahe ngurusi suara kaya kue.
“Ya kae ramane” jawabe mamahe sante.
Aku tesih bingung trus takon maning “ Lha ngapa ndadakan ting ting ting??” .
 “ Lha kan nuthuki gelas”
“ Gelas apa??” , aku tasih baen bingung.
“ Gelas kopi”
“ Lha ngapa gelase dithuthuki??” , tambah bingung.
“ Lha ana semute sih...”
“ Owalah.....jan!!!kaya kue jebule???”, aku tembeke ‘ngeh’

Dadi ya,,nek esuk meh awan kae ana suara ‘ting ting ting’ artine papahe lagi wis tangi , trus ngombe kopi,,kopine kan wis kebacut adem ketambahan  disemuti,,dadine gelas kopine dithuthuki karo sendok sing nggo ngudek ben semute pada lunga,,,lha kaya kue jebule.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar