Red Campred Inspiration

Red Campred Inspiration

Senin, 01 Agustus 2011

J-DORAma Yang RED Camprd Suka

Ini mungkin bisa dijadikan rekomendasi untuk pecinta Dorama,,,tapi karena keterbatsan Kemampuan saia,,,cuma menyediakan Gambar2nya saja,,,,Ya...Mungkin Sedikit hal Menurut Saia yang Pernah Menontonnya


THE GOKUSEN 
THE GOKUSEN SEASON 3
THE GOKUSEN SEASON 2

THE GOKUSEN SEASON 1



TEAM MEDICAL DRAGON ( IRYU )
IRYU SEASON 3
IRYU SEASON 2  







A LITLLE PRINCESS OF SEIRA (SOKOJO SEIRA)



Sokojo Seira




ZETTAI KARESHI





SAMURAI HIGH SCHOOL





YUKAN CLUB





MEICHAN SHINTSUJI 




NONDAME CANTABILE




TOKYO DOGS
 
 
 
WITCH  TRIAL 



BLOODY MONDAY
 
BLOODY MONDAY SEASON 2
BLOODY MONDAY SEASON 1


PERFECT GIRL EVOLUTION
 

 
 
KAMI NO SHIZUKU 
 
 

Transleta Ngapak Part 1

Ceritane kie jane udu asli ngapak-ngapak ,,,tapi tag translet sekang basane wong landa dadi ngapak,,,Kebeneran kie ceritane asli tau terjadi nang dunia kie,,,,,judule kie……

Njawane Dienggo Antiseptik,,,
Lha Jebule???

            Dina kue aku lagi kerja nang Rumah sakit,,,kue udu kerja temenan,,,gur enggo tuntutan peran. Pas periode kue,,kebenaran ana volunter sekang Canada,kue kancaku wisan arep dadi Master,,,Lha terus sedurunge wisuda dikon profesore golet pengalaman,,lha karepe arep nang ngendi,,kebeneran baen cempuleke nang kono bareng aku,,mangkat mulihe be karo aku. Njawan-njawane bule-bulene kue tokoh utamane nang crita kie….
Balik maning nang crita awale….
Pas kue dinane aku kelalen,,,sing jelas isih esuk lah ya,,,kue dewek pada jagongan nang poli karo nunggoni pasien sing rawat jalan teka nggo terapi,,,kie kan critane poli terapi. Maune aku gur klekaran nang ngisor,,terus aku menyat pindah nang kursi, njagonge adep-adepan karo Ms. Brooks (29th),,deke njagonge sebelahan karo kancane siji maning Ms. Claire(26th). Nah Ms. Brooks, mara-mara ngetokna sebuah produk, bentuke botol,njerone kaya cairan solid kentel kaya kaelah,,trus dienggo nang tangan.
Trus aku takon “ Kie apa??”
Ms. Brooks mangsuli, “Oh,,,kie aku bar tuku nggo antiseptic tangan, dadine nek bar nyekel pasien apa baen mbuh sing ileren apa ora kan trus wijike nang kamar mandi kene, trus ra sah nganggo alcohol sing nang konter,adoh ndadakan nang kana gur arep nganggo alcohol,,,jajal kowe ndeleng kie nggo apa baen,bener rak aku tukune???”. Trus aku diselangi produke  kue karo takon, “ Kowe tuku nang ndi Brooks?”,,,jerene Brooks tuku nang kaya mini market. Aku kan kon maca kue nggo apa,,ujare Brooks kue basa Indonesia kabeh, tapi nangngarepe intine ana tulisan anticeptik. Mungkin langsung mudenge kie nggo tangan.
Pas tak cekel,,,lha sih???!!!. Jane aku pengen ngguyu,,tapi mbok aneh ya,,,sidane tag usahakna nggo jelasken,,,walopun akune bingung kudu ngomong apa. LHa !!! ternyata nang mburine ana basa Inggrise trus tag wacakna sing intine kue serum kaya nggo odor apa kue lah,,istilahe angel.
Lha aku ngelanjutna macane,,berhubung wacanane angel,,mungkin wonge ra  mudeng aku ngomong apa,,,lha kan juga ora penak nek macane seru-seru,,, lha pembimbinge aku nang poli kono nyamber “ Geh dek!,kae bulene kon maca dewek baen kan ana mbok??”,,,jan ladak banget,,,,mungkin ya bule kerasa nek aku rak ulih macakna nggo deke,,,nadane mungkin rada rak penak sih….,,dadine aku ngomong nek nang kono ana translet basa Inggrise tentang kue gunane nggo ngapa. Trus tag balekan kuene,,tag kon maca dewek ben mudeng,ben lewih ngena!
            5 detik rada sepi ...
            Detik ke 10,,,,Ms. Brooks ngakak ngakak sepol-pollane,ngasek njeduk-njedukna ndase nang meja,,temenan kepingkel-pingkel. KOPLAKS Bangged lah pokoke….! Ms. Claire takon ana apa,trus Ms. Brooks crita nganggo basa Inggris,,mbuh ngomonge priwe, mbuh macakna sing nang kono apa ngomong apa kuelah,,,cepet banget sih,,tur karo ngguyu-ngguyu dewek. Ya Ammpun ya…..Ms. Claire tampange innocent banget mangsuli karo langsung menyat sekang kursi lunga nang kamar mandi “ Ya Ampun,,nyong kudu wisuh kie tangane!!!”,,Ms. Brooks ya ngetutna nang mburine,melu-melu wisuh.
            Aku ditakoni wong nang kono, “Apa wis jan-jane sing dienggo wong loro kae???”. Trus tag tunjukna produk sing dituku. Ms. Claire ternyata tuku sabun antiseptic khusus nggo daerah kewanitaan,,aku rak sebut merk lah ya…tapi sing jelas ana huruf  “V” sing ngelambangken nggo kue lah ya. Bar kue,,,,Ngakak kabeh sing nang kono.LOL
.
Pirang dina bar kue,, aku nang minimarket,,,ngoleti kok kae bisa salah tuku sih kepriwe??? padahal ya wis arep Master lho ya???. Lha jebule rak sing nggo produk-produk serum solid kaya kue wadahe dadi siji, cumin bedane nek nggo antiseptic tangan nang sebelah tengen nek nggo antiseptic kewadonan kue nang sebelah kiwo. Mungkin pas tuku dituduhi nggone nang kono trus milihe rak diwaca,,masalahe biasane nek gur nang minimarket kue serum nggo tanagn botole sing cilik, nek sing nggo kae botole rada sedengan, mungkin mikire bias nggo pranti. Dadine dituku,,padahal salah tuku. Untung pas kue tag takoni,,nek ora mungkin tekan siki isih dienggo.
           


Trasletan Ngapak Part 1

Ceritane kie jane udu asli ngapak-ngapak ,,,tapi tag translet sekang basane wong landa dadi ngapak,,,nggo para sinobi-sinobi perngapakan silakan nyimak critane.....
Kebeneran kie ceritane asli tau terjadi nang dunia kie,,,,,judule kie……

Njawane Dienggo Antiseptik,,,

Lha Jebule???